Minggu, 07 Desember 2014

pidato hut RI bahasa jawa


Pada kesempatan kali ini kami akan memberikan satu contoh pidato bahasa Jawa dalam acara peringatan HUT Kemerdekaan RI. kami berharap tulisan ini bisa bermanfaat bagi teman teman semua untuk di jadikan sebagai acuan atau  untuk  memberikan gambaran tentang pidato  yang menggunakan bahasa jawa .Selamat membaca.....
Assalamualaikum Wr.Wb
Kepala sekolah ... ingkang kinurmatan,Bapak/Ibu Guru saha karyawan karyawati .... ingkang kinurmatan saha sedaya kanca ingkang kula tresnani.
Wonten ing kalodangan siang punika mangga sareng-sareng kita ngaturan puji saha syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT awit welas lan asihipun kita (bangsa Indonesia) saged mujudaken bangsa ingkang merdika.
Kanthi menika kita sedaya kedah emut kamardikan negeri Repulik Indonesia menika,mboten dawah saking langit ananging perlu sarana perjuangan,pengorbanan arupi bendha,tenaga  lan nyawanipun. Pramila kita utang budi kaliyan para pahlawan ingkang sampun gugur ngrebat kamardikan negari Republik Indonesia nalika semanten.
Pramila ingkang weldal siang punika wonten tiagang perkawis ingkang kedah kita tanam sak lebeting manah.
Sepisan: Nelakaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun kepareng paring kamardikan dhateng bangsa kita.
Ingkang angka kalih : Kita kedah ngenget-enget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun siaga dados tumbaling kamardikan negari kita. Kanthi pandega mugi-mugi awarwahipun para pahlawan katampi wonten ngarsanipun pangeran ingkang maha kuwaos sahengga pikantuk piwales sak murwat kaliyan lelabetan.
Ingkang angka tiga : Kita sedaya kedah nglajengaken gegayuhanipun para pahlawan,nyampurnakaken hasil perjuanganipun,kanthi ambangun negari merdika punika amrih rejo lan makmuripun.
Kita ugi kedah rumaos dosa menawi nampi warisan ananging mboten kuwawi ngopeni lan njagi. Saeba prihatinipun para pahlawan ingkang sampun seda. Nguningani kita sedaya ingkang mboten saged ngemban amanatipun. Mekaten ugi Allah SWT ingkang sampun kepareng nggaduhaken kamardikan negari Republik Indonesia dhateng kita anamung kita lena mboten saged njagi.
Mekaten lan semanten atur kula minangka ngaturaken inti pengetan Kamardikan Republik Indonesia.
Jenang selo wader kali sesonderan
Apuranto yen atur kula kathah kalepatan

Wassalamualikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar