Senin, 08 Desember 2014

teks pranata cara peringatan HUT RI {bahasa jawa}



 pada kesempatan ini, kami ingin memberikan sebuah contoh teks pranatacara/pembawa acara dalam bahasa jawa.Semoga dapat bermanfaat bagi pembaca khususnya para siswa yang mendapat tugas dari bpk/ibu guru untuk membuat teks pranatacara dalam bahasa jawa...semoga bermanfaat..

TEKS PRANATACARA
Assalamuallaikum Wr.Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan,
Bapak Ibu guru , ingkang minulya
Sagung para siswa ingkang kula tresnani,
Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun ngadheg wonten ing ngarso panjenengan sedaya, mboten karana kirangeng raos pakurmatan dumatheng panjenengan sedaya. Mila kula ugi kumawantun nyigeg pangandikan panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, awit nampi ayahan supados nglantaraken reroncening acara pahargyan dinten punika.
Amung sakderengipun, sumangga kita ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkanga sampun maringi kita mapinten- pinten kanikmatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal manunggal ing mriki kanthi pahargyan kamardikan Republik Indonesia kanthi wilujeng nir ing sambikolo.
Perlu kawuningan bilih ing dinten punika, Minggu 17 Agustus 2014, pawiyatan SMA..., ngawontenaken pahargyan dinten kamardikan Indonesia.
Menggang urut- urutaning adicara ing enjang punika :
1.      Pambuka
2.      Sambutan- sambutan
3.      Inti
4.      Panutup
Mekaten menngang lampahing acara ingkang sampun karakit, ingkang punika mugi panjenengan sedaya kersa lenggah saha ngestreni dumugi paripurnaning pahargyan, nuwun.
Ngancik acara ingkang kapeng sepindah inggih punika pambuka, mangga kita buka acara ing enjang punika mawi maosan basmalah sesarengan , “Bismillahirahmannirahim”. Mugi- mugi kanthi waosan basmalah menika acara saget lumampah kanthi lancar mbonten wonten halangan menapa. Amin.
Kalajengaken adicara ingkang kaping kaleng inggeh punika sambutan- sambutan. Sambutan ingkang kaping sepindah inggih punika sambutan Ketua Panitia ingkang badhe dipun salirani panjenegannipun sederek .......Dhumateng sederek .... .wekdal sumangga katur.
(.......)
Mekaten atur sapala sampun paripurna , sambutan ingkang kaping kaleh inggih punika sambutan Kepala Sekolah ingkang badhe dipun salirani panjeneganipun bpk..... . Dhumateng bpk.....wekdal sumangga katur.
(........)
Mekaten atur sapala sampun paripurna. Kalajengaken adicara kaping tiga inggih punika inti inggih punika sesorang pahargyan kamardikan Indonesia ingkang badhe dipun salirani sederek ...... Dhumateng sederek ...... wekdal sumagga katur.
(........)
Mekaten sesorah saking sederek ..... mugi saget migunani tumrap kula lan panjenegan sami lan nambahi tresna kita marang Indonesia .
Dumugi ing pungkasaning adicara inggih punika panutup. Namung sakderengipun kita tutup mbokbilih anggen kula matur lan ngalataraken adicara ngadahi kalepatan ingkang kirang nujuprana ing ngarso dalem panjengan sedaya saestu kula nyuwun agungin pangapunten. Saklajengipun mangga kita tutup acara ing siang punika kanthi waosan hamdalah sesarengan. “Alhamdulillahhirobilallamin”.
Wabilahitaufik walhidayah. Wasallamuallaikum Wr. Wb.

9 komentar: