Kamis, 04 Desember 2014

sambutan ketua panitia peringatan HUT RI dalam bahasa jawa




       Kali ini, kami akan memberikan satu contoh kata sambutan  bahasa Jawa secara sederhana.meski demikian kami berharap  tulisan ini bisa bermanfaat bagi teman teman semua untuk di jadikan sebagai acuan atau hanya sekedar untuk  memberikan gambaran tentang kata sambutan yang menggunakan bahasa jawa . Satu tips sukses menyampaikan sambutan dalam bahasa Jawa adalah harus percaya diri. Kepercayaan diri yang bagus akan menghasilkan intonasi suara yang tepat.

 



SAMBUTAN KETUA PANITIA



Assalamualaikum Wr.Wb
Kepala sekolah........ ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu guru saha karyawan karyawati ..... ingkang kinurmatan,saha sedaya kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga kita sesarengsn ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingakang Maha Kuwaos awit saking rahmat saha karunianipun,kita sedaya saged kempal manunggal ing aula ...... kanthi kawontenan  sehat walafiat mboten kirang satunggal menapa.
Kejawi saking menika,kepareng matur,kula minagka sesulihipun kanca-kanca panitia Pengetan Dinten Kamardikan Republik Indonesia ingakang kaping 69 ing ...,ngaturaken sugeng rawuh lan maturnuwun awit panjenengan sedaya sampun kersa rawuh ing adicara menika. Para rawuh ingkang minulya,wonten ing tahun menika panitia pengetan HUT RI nggadahi pinten-pinten kegiatan,inggih menika lomba sesorah bakti sosial lan pentas seni.
Para rawuh ingkang minulya,kula sakanca panitia nyuwun pangapunten menawi acara-acara ing pengetan menika kirang sae saha kathah kekirangan. Ingkang kula suwun mugi-mugi lomba kangge ngisi pengetan dinten kamardikan menika saged kelampahan kanthi lancar saha sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan,cekap semanten atur kula,mbok bilih wonten lepat anggen kula matur,kula nyuwun agunging samudra pangaksami,ing wasana
Wassalamualaikum Wr.Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar