Kamis, 04 Desember 2014

sambutan kepala sekolah peringatan HUT RI dalam bahasa jawa



    Pada kesempatan kali ini , kami akan memberikan satu contoh kata sambutan  bahasa Jawa secara sederhana.meski demikian kami berharap  tulisan ini bisa bermanfaat bagi teman teman semua untuk di jadikan sebagai acuan atau  sekedar untuk  memberikan gambaran tentang kata sambutan yang menggunakan bahasa jawa . Satu tips sukses menyampaikan sambutan dalam bahasa Jawa adalah harus percaya diri. Kepercayaan diri yang bagus akan menghasilkan intonasi suara yang tepat.




SAMBUTAN KEPALA SEKOLAH

Asssalamu’alaikum. Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati Bapak, Ibu Guru saha Karyawan Karyawati SMA.... lan Anak-anakku kelas X, XI,XII ingkang kula tresnani.
Puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos sampun maringi rahmat, hidayah saha nikmat sainggo kita saget kempal manuggal ing acara pengetan, kamardikan kaping 69.
Matur nuwun dumatheng Bapak,Ibu guru, Karyawan Karyawati lan Anak-anakku sampun purun kempal manunggal ing aula SMA ..... mriki. Ugi matur nuwun dumatheng Panitia ingkang sampun ngadakaken adicara kangge Pahargyan Kamardikan kaping 69.
Bapak, Ibu guru lan para Siswa Warga Negeri Indonesia ingkang kinurmatan ing saben tanggal 17 Agustus, bangsa Indonesia tansah mengeti dinten ageng ingih punika dinten kamardikan RI.
Kados sampun kawuningan dening para rawuh sedaya, bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 bangsa Indonesia sampun kasil kuwal saking blenggenipun panjajahan, serta kanthi pengurbanan roh tuwin ingkang mboten sekedhik para pemimpin kula lan panjenengan sampun kasil maosaken teks proklamasi kamardikan Republik Indonesia.
Satemah sedayabangsa ing manca negara sami mangertosi, bilih sampun lahir satunggaling negeri enggal ingkang naminipun Republik Indonesia . Ing dinten punika tanggal 17 Agustus 2014 bangsa Indonesia sampung jangkep yuswa 69 tahun.
Kulo kinten mboten prayogi menawi kula matur kathah- kathah pramila menawi anggen kula matur kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging pangapunten .

Panutuping atur, Wasallamuallaikum. Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar